Kaca iki wis dikorèksi
百度 不得侵害他人合法权益;如用户在思客发布信息时,不能履行和遵守协议中的规定,本网站有权修改、删除用户发布的任何信息,并有权对违反协议的用户做出封禁ID,或暂时、永久禁止在本网站发布信息的处理,同时保留依法追究当事人法律责任的权利,思客的系统记录将作为用户违反法律的证据。
Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri, omah gedhong magrong-magrong ora kurang. Wis ya liya dina dakcritani." | ||
Larta | : | "Inggih mas, matur nuwun." |
II. AKSEN NADA NYEDHIHAKE (1.4)
Tekanan nada nyedhihake iku kaucapake mudhun. Ukara iki ucapna kang mapan, cetha!
- Cilaka dhuwit satus rupiyah bae ilang.
- Ya wis ben dirasakake dhewe, lha wong dikandhani bola-bali ora nggugu.
- Rak kojur ta aku, ora ana barat ora ana angin kok didukani.
- Bola-bali kowe, tansah gawe rekasaku thok, pijer-pijer mung ngabul-abul dhuwit bae.
- Pancen aku sing luput, nanging bok iya uwis, Prekara ngono bae digunem ora uwis-uwis.
- Nganti bosen aku, krungu unjarmu kang ora kepenak iku.
- Tobat tenan aku ngrasakake polahe Tarsan anggone penthalitan kuwi Lho.
- Wong ki nek lagi apes, muni apa-apa kok Ora diprecaya.
- Ya wis ben ditanggung dhewe, lha wong dikon ngowahi tingkahe bae kok mundur isin.
- E, wong ki nek lalen, nggoleki singgahane dhewe bae sajam ora katemu-temu.
III. A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)
Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri.
slira-slira
iku diarani tembung dwilingga salin swara.