13. Padha sira netepan, janjine. ywa nggendhong lali, antepana tekeng lampus, wi cang lamun tan nyatan, yen mangkono yekti panggih, ngukuhana sabdapalon wecanira.
14. Sri Narendra Brawijaya, sabdanira arum manis, nantun dhatng punakawan, sabdapalon paran karsi, jenengingsun puniki, wus ngrasuk agama rasul, heh kakang pekenria, melua agama abi, lusih becik iku agama kang mulya.
15. Sabdapalon ture sagal, pan kawula boten arsi, angrasuk agama Islam, wit kula puniki yekti, Ratuning Dhanyang Jawi, momong maring anak putu, sagunging pri prayangan, kang dudunung Tanah Jawi, wus pinasthi yekti kula pipisahan.
16. Kalawan paduka Nata, sun wangsul kajiman malih, mung kula matur pitungkas. Mbenjing ing sapungkur mami, yen wus prapta ing wanci, jangkep gangsal atus taun, wiwit dinten punika, kula gentos ingkang nampi, gami buda kula sebar. tanah Jawa.
17. Sinten tan purun nganggowo, yekti kula risak sami, sun ayahken putra kula, para parayangan peri, dereng lega ing ati, lamun dereng lebur tumpur, kula damel pratandha, pratane tembayan mami, ardi Mrapi yen njeblug medal lahar.
18. Ngidul ngetan paranira, ngganda banger ingkang warih, nggih punika wedal kula, wiwit nyebar gama budi, tetep prajanji mami, anggeing kodrat satuhu, karsanireng Jawata, sadaya, gilir gumanti, datan kanging kalamun ingowahana.
19. Sabdapalon nulya musna, sakedap datan kaeksi, wangsul mring jaman kajiman langkung ngungun Sri Narpati, njenger tan bisa angling, kang manah langkung gegetun, kaduwung salahira, mupus
karsaming Dewa lwih, kodrat iku sayekti tan kena omah.
68
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"